Sabtu, 20 Agustus 2016

MC RESEPSI LIMRAH (RESEPSI LENGGAH)

MC Resepsi Limrah (Resepsi Lenggah)

I. Cecala
  1. Mugi sih wilasa, kanugrahan saha berkah Dalem Gusti ingkang Maha Hamisesa Bawana, tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya. Samenika sarta ing salajengipun.
  2. Nuwun, panjenenganipun para tamu ingkang minulya, minangka pranatacara ing pahargyan dhauping penganten dalu menika, keparenga kula langkung rumuyin ngunjukaken puji sokur ing ngabiyantara Dalem Gusti, inggih Pangeran Allah SWT, dene awit saking pangayoman Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken lenggah ing pasamuan menika, kanthi wilujeng nir ing sambekala.
  3. Salajengipun minangka cecala keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara ing pahargyan menika mekaten :
    • Angka setunggal - Pambuka
    • Angka kalih - Atur Pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, katur para lenggah.
    • Angka tiga - Tanggap sabda saking panjenenganipun Bapak/Ibu Besan utawi kulawarga penganten kakung.
    • Angka sekawan - Wejangan utawi Sabdatama.
    • Angka gangsal - Panutup.
  4. Mekaten para tamu, urutaning titilaksana adicara ing pahargyan dalu menika. Salajengipun sarwi nengga samektaning samudayanipun keparenga mrayogekaken lenggah panjenengan sedaya sawatawis, sinambi imbal pangandika, saha midhangetaken gendhing-gendhing ingkang badhe katur. Sumangga. Nuwun.
II. Ngacarani Lumarabing Panganten
  • Nuwun, panjenenganipun para tamu ingkang sutresna, keparenga atur uninga bilih penganten sampun paripurna anggenipun ngrasuk busana, Bapak - Ibunipun saha para pangambyong ugi sampun samekta, ingkang menika kanthi binarung ungeling Lancaran Bindri, laras slendro pathet sanga, Penganten Sarimbit menapa dene para pangiring badhe satata-rakit ing sangajenging sasana pawiwahan. Dhumateng ingkang paniji nglarabaken penganten kula sumanggakaken. Sumangga.

    a). Panganten jajar jumeneng, kairing Bapak - Ibu saha para pangambyong.
    b). Menawi sampun tumata sedaya, gending kasuwuk, Mc lajeng matur malih.

     
  • Para tamu minulya, penganten sarimbit, Bapak - Ibuipun kekalih menapa dene para pengombyong sampun paripurna anggenipun satata-rakit. Sekedhap malih badhe kairing lumarab ing ngarsa panjenengan sedaya. Ikang menika, kanthi binarung ungeling Ladrang Penganten laras Pelog pathet Barang, Penganten badhe lumebet ing sasana wiwaha, anglenggahi dhampar rinengga. Dhumateng para tamu mbok bilih wonten keparengipun paring pakurmatan dhateng penganten, kula sumanggakaken. Nuwun.

    Tamu jumeneng, penganten dalah pengambyong lumebet sasana pawiwahan, kanthi urutan : Cucuk Lampah, Dhomas, Panganten, Bapak - Ibunipun panganten, Kulawarga, Pangambyong lan sanesipun.

    Dumugi ing kursi panganten lajeng lenggah. Bapak-Ibunipun lenggah ing kiwa tengen. MC nglajengaken atur malih, mbuka pahargyan menika.

 III.  Ngacari Pambukaning Pahargyan
  • Para pinisepuh ingkang dahat pinundi, para tamu ingkang minulya. Penganten kekalih sampun anglenggahi sasana rinengga, kaapit ingkang Bapak - Ibunipun kekalih. Wekdal sampun dungkap, sarta samudayanipun sampun samekta, ingkang menika, mugi wontena keparengipun pahargyan dhauping penganten Rara Dra. TITIK PARWATI, putra putrinipun panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian ingkang pidalem ing dhusun Sonosewu Desa Ngestiharjo, Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul Ngayogyakarta kalian Bagus Ir. SUMITRA HADI, putra kakungipun Panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian ingkang pidalem ing kampung Jogokaryan Mj. III/464 Ngayogyakarta, dalu menika, kawiwitan.
  • Amrih kaleksananing pahargyan purwa, madya, wasana, pinanggih rancag nir ing sakara-kara, mangga sami dipun buka sarana ndedonga miturut agami lan kapitadosan kula panjenengan sedaya. Dene ingkang ngrasuk agami Islam mangga kula ndherekaken ambuka kanthi waosan Basmalah. Sumangga.
    Bismillahir-rohmanir-rohim.... Sembahnuwun.

    ---------- Upami tanpa pandonga ugi kenging ----------
IV.  Ngacarani Adicara Pambagyaharja
  • Nuwun para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan, ngancik titilaksana adicara ingkang angka kalih, inggih menika Atur Pambagyaharjo saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian inggih ingkang hamengku gati, katur panjenenganipun para tamu, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak R. Hadiprayitno, SH. Kula sumanggakaken. Saha  dhumateng panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian kersaa hanjajari. Sumangga.

    ---- Ingkang kapiji tumuli majeng nindakaken jejibahan, dipun jajari jumenengipun dening ingkang hamengku gati -----
    ------ Sesampunipun paripurna, MC matur malih ------
V. Ngacarani Lumadosing Pasugatan
  • Mekaten para rawuh, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno sekalian katur para tamu, ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapak R. Hadiprayitno, SH. kaaturaken sanget genging panuwun.
  • Salajengipun keparenga panjenenganipun para tamu mrayogekaken anggenipun sami lenggah, saha mangke mbok bilih sampun wonten lumadosing pasugatan ing ngarsa panjenengan sedaya, keparenga tumuli hangresepi kanthi suka gambiraning penggalih, sinambi midhangetaken atur pasugatan gendhing-gendhing ingkang kaaturaken lumantar pitaswara utawi cassette. Nuwun sumangga.

    ---- Para tamu ngunjuk saha dhahar dhaharan ----
    ---- Mangke menawi sampun sawatawis, saged kaaturaken pasugatan lelangen beksan, nyarengi para tamu anggenipun ngunjuk ----
    ---- Minangka mbok menawi wonten ----
VI.  Ngacarani Pasugatan Beksan Golek
  • Para tamu kakung saha putri ingkang tuhu sinungga ing pakurmatan, anyarengi anggenipun para tamu angresepi pasugatan unjukan saha dhaharan menika, wontena keparengipun panjenenganipun Bapak Drs Sukirno sekalian ngaturaken pasugatan lelangen beksan gagrag Ngayogyakarta, ingkang winastan lelangen Beksan Golek Surungdhayung, minangka atur pakurmatan saha mangayubagya rawuhipun para tamu. Dene ingkang sami nindakaken inggih menika sedherek Nani saha sedherek Nuri. Sumangga sugeng hamriksani. Nuwun.

    --- Lelangen beksan majeng ---
    --- Sesampunipun paripurna ---
  • Mekaten para rawuh sutresna, pasugatan lelangen beksan Golek Surungdhayung ingkang katindakaken dening sedherek Nani saha sedherek Nuri sampun paripurna. Mugi-mugi saestu andadosna resep renaning penggalih panjenengan sedaya. Dumateng sedherek Nani saha sedherek Nuri kaaturaken panuwun.
VII. Ngacarani Tanggap sabda Kulawarga Penganten Kakung (Tanggapsabda Besan)
  • Nuwun, panjenenganipun para tamu kakung saha putri ingkang minulya, mboten ngirangi eca sarta sekecanipun para tamu anggenipun hangresepi pasugatan, keparenga adicara pahargyan dalu menika kalajengaken.
  • Ngancik titilaksana adicara ingkang angka tiga kasuwun paringipun tanggap wacana, saking panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian, inggih Bapak - Ibu besan, ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., sumangga, saha keparenga panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sarimbit angapit Bapak Suwardi, S.Pd. sumangga.

    --- ingkang kajibah majeng nindakaken jejibahan ---
    --- Menawi sampun rampung MC nglajengaken acara ---

     
  • Mekaten para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan, paring tanggap sabda saking panjenenganipun Bapak Wiryodirjo sekalian ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., sampun paripurna. Dhumateng panjenenganipun Bapak Suwardi, S.Pd., menapa dene Bapak Wiryodirjo sarimbit kaaturaken agunging panuwun.   
VIII. Ngacarani Lumadosing Pasugatan Candhakipun
  • Para tamu, salajengipun senadyan wekdal sampun dungkap dalu, ewa semanten panjenenganipun para lenggah taksih kasuwun nglajengaken paringipun pangestu dhateng penganten sarimbit, mrayogekaken anggenipun sami lenggah. Saha mangke mbok bilih sampun wonten lumadosing pasugatan ing ngarsa panjenengan sedaya, keparenga tumuli hangresepi, boten nengga kula aturi malih. Sedaya menika inggih namung amrih rancaging panindak. Nuwun sumangga.

    --- Pasugatan Soup lumados ---
    --- Menawi tamu sampun meh rampung anggenipun dhahar soup, adicara kalajengaken ---
IX. Ngacarani Adicara Wejangan / Sabdatama
  • Nuwun, para tamu anyarengi  para tamu ingkang taksih angresepi pasugatan, minangka nyumpeni wekdal keparenga adicara kalajengaken. Dungkap titilaksana adicara ingkang angsa sekawan, penganten sarimbit badhe kasuwunaken wejangan saking panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq, minangka sangu lumebet ing bebrayan enggal. Dhumateng panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq wekdal kula aturaken. Sumangga. Nuwun.

    --- Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq paring wejangan ---
    --- Adicara kalajengaken ---
  • Mekaten para lenggah sutresna, paring wejanganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq dhumateng penganten kekalih sampun paripurna. Mugi-mugi paring wejanganipun kala wau saestu handayani sugengipun penganten kekalih mangke, tansah pinayungan ing berkah Dalem Pangeran, manggih ayo-ayem, tata-tentrem, begja-mulya, ing sapangandhap sapamginggilipun. Wasana saged kadumugen gegayuhanipun, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warahmah. Dhumateng panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ja'far Siddiq, kaaturaken gunging panuwun. 
X. Ngacarani Lumadosing Pasugatan Pungkasan saha Beksan Karonsih
  • Para tamu ingkang sinungga ing pakurmatan, sapurnaning titilaksana adicara wejangan, keparenga panjenenganipun para tamu mrayogekaken lenggah, sinambi ngresepi pasugatan ingkang badhe katur, inggih pasugatan dhahar kempul sinambi amriksani atur pasugatan lelangen Beksan Karonsih, ingkang badhe dipun tindakaken dening Nakmas Stefanus saha Nakjrng Hardi Sundari. Sumangga.

    --- Pasugatan lumados ---
    --- Menawi tamu iring ngajeng sampun linadosan, Beksan karonsih saged kawedalaken ---
    --- Menawi tamu sampun sami dhahar es, senajan dereng ngantos tuntas, saged katutup ---


    PENGET !!!
    ---Sampun ngantos karumiyinan tamu sami kondur ---
XI. Ngacarani Adicara Panutup
Nuwun, panjenengan dalem para luhur, panjenenganipun para tamu, kados sampun kadumugen anggenipun para tamu angresepi pasugatan dhahar kembul saha Beksan Karonsih menika wau, ingkang menika pahargyan dhauping penganten ing dalu menika sa,pun dungkap paripurna. Namung kantun titilaksana adicara ingkang pungkasan, inggih menika Panutup.
Namung sakderengipun titilaksana Panutup katindakaken, wontena keparengipun Bapak Drs. Sukirno sekaliyan :
  • Ingkang sapisan ngunjukaken puji sokur, sembah nuwun, konjuk ngabiyantara Dalem Gusti Allah SWT, dene awit saking gunging kamirahan Dalem kaleksananing pahargyan dalu  menika pinanggih gangsar, rancag, nir ing sakara-kara.
  • Ingkang kaping kalih, kaaturaken sewu-sewu sembah nuwun saha sanget gunging panuwun dhumateng panjenenganipun para tamu, ingkang sampun saestu kepareng hangestreni pahargyan dalu menika ngantos dumugi paripurna.
  • Ingkang kaping tiga, mbok bilih ing salebeting pahargyan menika wau pinanggih bab-bab ingkang anguciwanci, panjenenganipun Bapak Drs. Sukirno kekalih dalah kulawarga namung nyuwun gunging pangaksami.
  • Salajengipun senajan rawuh panjenengan sedaya ing dalu menika sampun dados cihna, paringipun pangestu tumrap penganten sarimbit,  ewa semanten penganten kekalih taksih gungan, keparenga panjenenganipun para tamu paring pangestu sacara mirunggan kanthi jawad asta saha paring sabda, kalian penganten dalah Bapak-Ibunipun kekalih, ingkang badhe ngrumiyini cumawis ing sangajenging pintuning sasana pawiwaha menika, sinambi nguntabaken kundur panjenengan sedaya.
  • Salajengipun minangka panutup, mangga sesarengan manungku puja, dedonga, kanthi angeningake cipta, miturut agami saha kapitadosan kula panjenengan sedaya. Dene ingkang ngrasuk agami Islam, kula ndherekaken kanthi waosan Hamdalah. Sumangga. Alhamdulillahirobbil 'alamien....
    Sembah nuwun, saha sanget genging panuwun.
  • Para tamu pungkasaning atur, kula ingkang minangka pranata titilaksananing pahargyan dhauping panganten dalu menika, bilih kathah kekirangan saha kalepatan, kula namung saged cumadhong lumunturing pangaksami.
  • Sembah nuwun, saha sanget genging panuwun.
  • Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


    ---- Penganten jengkar kairingan gendhing Runtung, minangka gendhing bibaran, ngantos dumugi telasipun para tamu ----
    ---- MC mbok menawi taksih ngacarni photo keluarga lan panitia kalian penganten ngantos saparipurnanipun ----

Tidak ada komentar:

Posting Komentar